Kamis, 20 Juni 2013

Pidato Bahasa Jawa



السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ بِّ الْعَالَمِيْنَ. وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ الْمُرْ سَلِينَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ

 

            Sakderengipun mangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah SWT, ingkang sampun maringi rahmad lan hidayah dhateng kita sedaya sahingga kita saged pinanggih ing wekdah punika kanti kahanan slamet, raharja mboten kirang setunggal punapa.
            Sakderek sedaya ingkang kula mulyakaken, wonten wekdah punika kepareng kula matur ing ngarsanipun panjenengan sedaya. Kula wakil saking panitia mupangati dinten Kamardikan ngaturaken matur suwun kagem saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisihaken wedalipun ngrawuhi acara meniko.
Saderek-saderek sedanten……..
Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah warga ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius……..
Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..
Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae……..
Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….
Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan
Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kita sedanten.
Matur suwun kulo sampekaken………
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته