السلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته
اَلْحَمْدُ ِللهِ رَ بِّ الْعَالَمِيْنَ.
وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى اَشْرَ فِ الْمُرْ سَلِينَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْنَ. اَمَّا بَعْدُ
Sakderengipun mangga kita
tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun gusti Allah SWT, ingkang sampun
maringi rahmad lan hidayah dhateng kita sedaya sahingga kita saged pinanggih
ing wekdah punika kanti kahanan slamet, raharja mboten kirang setunggal punapa.
Sakderek sedaya ingkang
kula mulyakaken, wonten wekdah punika kepareng kula matur ing ngarsanipun
panjenengan sedaya. Kula wakil saking panitia mupangati dinten Kamardikan
ngaturaken matur suwun kagem saderek-saderek sedanten ingkang sudi
nyisihaken wedalipun ngrawuhi acara meniko.
Saderek-saderek sedanten……..
Minurut pengamatan kalian
kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah warga ingkang kirang menghargai negeri
nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget
ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius……..
Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..
Wonten jaman sakniki
sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah
kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun
poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat
ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara
televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut
produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun
luwih sae……..
Saderek-saderek sebongso lan setanah
air……….
Masalah-masalah meniko
saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta”
Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang
produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang,
tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan
Kulo raos meniko ingkang saget kulo
sampekaken……. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken
utawi nguataken roso Nasionalisme kita sedanten.
Matur suwun kulo sampekaken………
والسلا م عليكم ورحمة الله وبر كا ته